Ringkesaning Crita
Ramayana
Prabu Dasarata, ratu Ayodya duwe garwa prameswari aran Dewi
Kosalya (Sukasalya) lan garwa selir aran Dewi Kekayi uga Dewi Sumitra. Saka
Dewi Kosalya peputra Sri Rama, saka Dewi Kaikeyi (Kekayi) peputra Bharata, lan saka Dewi Sumitra peputra kembar
aranLakshmana (Lesmana) lan Satrughna. Sawijining dina, ana resi kang
jejuluk RsiWiswamitra njaluk
tulung marang Sri Paduka Dasarata supaya mbébasake pertapane saka para raseksa. Rama lan Lakshmana banjur budhal. Ing pertapan iku,
Rama lan Laksmana kasil mateni kabeh raseksa. Sawise kasil merjaya mungsuhe,
kekarone banjur tumuju negara Mithila (Manthili) saperlu melu sayembara menthang
gandéwa. Sok sapa kang menang bakal dadi sisihane putri raja Janaka, ya Dèwi
Sinta. Kabeh pasarta wus siaga lan siji mbaka siji nuduhake kadigdayane
menthang langkap gandéwa. Ora ana kang kasil menthangake gandéwa mau kajaba
amung Sri Rama. Sawise Rama kadhaupake, Sinta banjur kaboyong bali
menyang Ayodya didherekake Laksmana.
Ing Ayodya, Rama bakal diangkat dadi ratu pinangka pembarep
gantining Dasarata. Ananging Kekayi, garwa selir prabu Dasarata nagih janji.
Nalika sadurunge dipundhut garwa, Kekayi duwe panyuwunan yen peputra lanang
mengkone bakal jumeneng nata Ayodya. Kanthi abot, Dasarata ngabulake panyuwune
Kekayi awit biyèn pancèn naté janji mangkono. Saka pokal culikane Kekayi, Rama
wurung dadi ratu, malah kudu nglakoni ukuman (dibuwang) ing alas Dhandhaka 13
taun suwéné. Rama, Sinta, lan Laksmana banjur ngumbara nilar kedhaton. Marga
nggrantes, ora suwe prabu Dasarata banjur séda. Barata rumangsa ora pantes dadi
ratu. Dheweke banjur nggoleki Sri Rama, nyuwun supaya Rama kersa kondur lan
jumeneng nata Ayodya. Ananging Rama nampik amarga jejering satriya ora bakal
cidra ing janji sumadya nampa ukum. Barata didhawuhi Rama supaya jumeneng nata
sawetara, minangka sulihe Raden Rama. Rama banjur medhar piwulang
Asthabrata (astha = wolu, brata = laku) pinangka garan jejering ratu kudu
ngugemi lakuning/watak utama kang cacahe ana wolu. Rama uga paring simbolis
awujud trompah (basa Sansekreta: p?duka) marang Barata pinangka tandha bukti yen dhèwèké iku mung saderma
wakil. Barata banjur jumeneng nata kanthi nganggo tlumpahe Raden Rama.
Ing alas Dhandhaka, ana raseksi aran Surpanakha (Sarpakenaka)
kasengsem marang Laksmana. Kanggo ngrayu Lakshmana, Surpanakha banjur mémba
dadi wanodya ayu. Ananging Lakshmana ora mempan kagodha, malah irunge
Surpanakha kairis. Surpanakha nepsu banjur pradul marang kangmasé (sang
Rahwana/Dasamuka) lan mbujuk supaya nyulik garwané Rama kang ayu rupa. Dhasar
Rahwana karem marang wanodya ayu, mula sang Rawana banjur ndhawuhi raseksa Kala
Marica supaya nyulik Sinta. Marica banjur mémba dadi kidang emas kang éndah.
Sinta kasengsem banjur nyuwun supaya mbebedhag kidang emas iku. Rama budhal
dhewe ninggal Sinta lan Laksmana. Si kidang emas gesit banget, ora bisa
kacekel. Wusanané, Sri Rama anyel banjur nglepasaké panah. Si kidang emas
njerit kelaran lan mati, owah malih raseksa. Krungu panjeriting wong kang
kelaran, Sinta banjur ngutus Lakshmana supaya nggoleki Rama. Laksmana ora gelem
budhal amarga kajibah njaga Sinta. Sawisé ditudhuh yen Lakshmana arep ngarah
dhèwèké, Lakshmana banjur budhal nggolèki Rama lan ngrajah Sinta supaya adoh
saka godha rencana. Sawisé Sinta dhèwèkan, Rahwana banjur teka. Kanthi mémba
dadi resi kang njejaluk jampi, Rahwana kasil nyulik Sinta.
Jeriting Sinta keprungu déning peksi sang Jatayu kang
naté dadi réncange prabu Dasarata. Kanthi niat becik, Jatayu nulungi Sinta.
Amarga Rahwana luwih sekti, Jatayu kalah. Jatayu kang sekarat isih bisa atur
warta marang Rama lan Laksmana, yen Sinta kagawa menyang Alengka, kedhatoné
sang Rahwana. Rama lan Laksmana banjur nglari ilangé Dèwi Sinta. dhumateng ing
kedhatonipun Rahwana. Ing sajroning alas, Rama kapanggih ratu Kiskindha awujud
wanara, ya Sugriwa kang sambat njaluk pitulungan marga rumangsa bojoné (Dèwi
Tara) direbut déning seduluré (Subali). Rama saguh mbiyantu, jer mengko uga
gelem sabiyantu perang lawan Rahwana. Embuh kang bener kang endi, nanging
jejering satriya, Rama ora kena cidra ing janji. Rama kasil merjaya Subali.
Sugriwa banjur sumadya nulungi sang Rama kanthi prajurit wanara lan pitulungané
patih Anoman (Hanuman). Anoman kautus Rama pinangka dhutané Sri Rama budhal
menyang Alengka ngaturaké warta lan kalpika marang Sinta.
Ing kaputrèn Alengka, Sinta dilipur déning Trijatha. Kanthi
meneng-meneng, Anoman kasil mlebu ing Alengka lan kapanggih Dèwi Sinta.
Dumadakan konangan Indrajit (putrané ahwana). Anoman kecekel Rahwana, banjur
diobong. Dhasar wanara sekti, Anoman banjur ngobrak-abrik lan ngobong Alengka.
Anoman bali lan ngaturaké warta marang Rama. Kanthi prajurit lan kasektèné,
Rama kasil nambak samudra (bendungan Situbanda) kanggo dalan ngrubuhaké
Alengka. Ing wektu iku, seduluré Rahwana aran Kumbakarna lan Gunawan Wibisana
kadhawuhan mbiyantu mbéla Rahwana. Kumbakarna ora sarujuk marang Rahwana. Marga
wanita, Rahwana ngorbanaké negara memungsuhan lawan Rama. Kumbakarna trima
lunga tapa, déné Wibisana lunga saka Alengka gabung melu Rama. Perang gedhé
dumadi, prajurit raseksa lawan wanara. Indrajit pinangka senopatining perang
kaperjaya déning Lakshmana. Kumbakarna dipeksa mbadharaké tapané supaya
mbiyantu Rahwana. Kumbakarna saguh, dudu mbéla Rahwana, nanging negara wutah
getihé. Rama nglepasaké panah Guwawijaya, Kumbakarna tiwas katugel-tugel dening
panah sekti. Rahwana maju ngadhepi mungsuh. Rama bisa ngalahaké Rahwana. Nalika
Rahwana kena panah Guwawijaya, Rahwana banjur dibruki gunung dèning Anoman.
Alengka bedhah lan Wibisana kajumenengaké dadi ratu ing Alengka. Sinta dijak
kondur lan urip bebarengan klawan Rama. Nanging, ing lakon Sinta Obong, Sinta
kauji kasuciané déning Rama sadurungé nunggal marang Rama.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar