Begawan Ciptaning rajane kabeh widadari
ing Tinjomaya
Begawan Ciptaning utawa Resi
Mintaraga iku jenenge Arjuna nalika mbangun tapa ing guwa Witaraga ing
ereng-erenge Gunung Indrakila. Bebarengan kalawan iku ing Suralaya dumadi
dredah amarga pangamuke raja raseksa Prabu Niwatakawaca saka krajan
Himahimantaka. Para dewa ing Suralaya ora ana
kang kuwawa ngadhepi kridhane Prabu Niwatakawaca sakwadyabalane. Sanghyang
Manikmaya banjur ngutus para dewa supaya nemoni Begawan Ciptaning. Miturut
Hyang Manikmaya pancen mung Begawan Ciptaning sing duwe daya kanggo ngadhepi
kridhane Prabu Niwatakawaca. Ananging para dewa sing diutus supaya nemoni
Begawan Ciptaning ora ana kang kasil njugarake tapane.
Mangkono uga para widadari kang
uga diutus supaya nemoni Begawan Ciptaning ora ana kang kasil njugarake tapane.
Para widadari sing diutus ana sing malih rupa
kayadene sisihane Arjuna ing arcapada, nanging uga ora kasil njugarake tapane.
Wusana Hyang Manikmaya ngutus Bathara Indra lan Bathara Brahma supaya njugarake
tapane Begawan Ciptaning. Kekarone uga diutus Hyang Manikmaya supaya maringake
kanugrahan marang Begawan Ciptaning awujud panah Pasopati.
Dhawuhe Hyang Manikmaya supaya
Begawan Ciptaning nggunakake panah sekti iku kanggo ngadhepi pangamuke Prabu
Niwatakawaca ing Suralaya. Bathara Indra lan Bathara Brahma banjur malih rupa
dadi Prabu Kilatawarna lan Prabu Kilatarupa. Kekarone banjur nemoni Prabu
Niwatakawaca lan aweh katrangan yen Prabu Niwatakawaca bakal kasil ngrabi
Bathari Supraba yen wus antuk pangestu saka pandhita sekti mandraguna sing
jenenge Begawan Ciptaning kang dumunung ing Gunung Indrakila.
Prabu Niwatakawaca banjur ngutus
Ditya Mamangmurka supaya nemoni Begawan Ciptaning lan njalukake pangestune
marang karepe bakal ngrabi Bathari Supraba. Ditya Mamangmurka banjur mangkat
tumuju Gunung Indrakila. Nanging satekane Gunung Indrakila, raseksa sing
diprecaya banget dening Prabu Niwatakawaca iku ora kasil nemokake papan
mertapane Begawan Ciptaning utawa Resi Mintaraga. Wusana Ditya Mamangmurka dadi
nesu lang ngamuk, ngrusak samubarang sing ditemoni ing ereng-erenge Gunung
Indrakila.
Begawan Ciptaning kang meruhi
pangamuke Mamangmurka banjur nyepatani raseksa iku, wusana Mamangmurka malih
dadi babi. Babi daden-dadene Mamangmurka saka daya kasektene Resi Mintaraga iku
banjur dipanah. Nanging ana panah loro sing ngenani awake babi daden-daden iku.
Siji panahe Resi Mintaraga lan sijine maneh panahe Prabu Kilatawarna sing wektu
iku nembe mbebedhag ing ereng-erenge Gunung Indrakila.
Kekarone banjur rebutan babi iku.
Amarga padha sektine, Kilatawarna lan Mintaraga banjur adu kasekten, perang
rame banget. Sawise sauntara wektu, Prabu Kilatawarna lan Prabu Kilatarupa
banjur malih marang wujud asline, Bathara Indra lan Bathara Brahma. Kekarone
uga banjur maringake kanugrahan panah Pasopati peparinge Hyang Manikmaya.
Arjuna sing wus wudhar tapane iku banjur diboyong dening Hyang Indra lan Hyang
Brahma tumuju Suralaya. Ing Suralaya, Resi Mintaraga banjur ngatur krenah
kanggo ngadhepi pangamuke Prabu Niwatakawaca.
Resi Mintaraga banjur malih rupa
dadi Bathari Supraba lan banjur nemoni Niwatakawaca. Amarga krenahe Resi
Mintaraga iku Niwatakawaca keladuk njlentrehake pangapesane, yaiku ing telake
kang wujud toh utawa rajah mantra aji Gineng Sokaweda. Sawise iku Bathari Supraba
bali ing wujud asline, Resi Mintaraga, lan banjur menthang gandhewa panah
Pasopati. Resi Mintaraga njaluk supaya Niwatakawaca mbalekake Bathari Supraba.
Nanging Niwatakawaca panggah ngukuhi kekarepane ngrabi Bathari Supraba.
Wusana Resi Mintaraga ngenerake
panah Pasopati ing telake Niwatakawaca. Lan bebarengan kalawan iku, Resi
Mintaraga kasil maca rajah mantar aji Gineng Sokaweda ing telake Niwatakawaca
iku. Niwatakawaca mati sawise toh ing telake kena panah Pasopati. Dene Resi
Mintaraga antuk ilmu kasekten anyar, yaiku aji Gineng Sokaweda. Hyang Manikmaya
banjur ngangkat Resi Mintaraga dadi rajane kabeh widadari ing Tinjomaya jejuluk
Prabu Kiritin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar