Selamat Datang di BLOGERNYA Orang “ KampoenK ”

Kamis, 29 November 2012

CRITO WAYANG BOSO JOWO


Begawan Ciptaning rajane kabeh widadari ing Tinjomaya

Begawan Ciptaning utawa Resi Mintaraga iku jenenge Arjuna nalika mbangun tapa ing guwa Witaraga ing ereng-erenge Gunung Indrakila. Bebarengan kalawan iku ing Suralaya dumadi dredah amarga pangamuke raja raseksa Prabu Niwatakawaca saka krajan Himahimantaka. Para dewa ing Suralaya ora ana kang kuwawa ngadhepi kridhane Prabu Niwatakawaca sakwadyabalane. Sanghyang Manikmaya banjur ngutus para dewa supaya nemoni Begawan Ciptaning. Miturut Hyang Manikmaya pancen mung Begawan Ciptaning sing duwe daya kanggo ngadhepi kridhane Prabu Niwatakawaca. Ananging para dewa sing diutus supaya nemoni Begawan Ciptaning ora ana kang kasil njugarake tapane.

Mangkono uga para widadari kang uga diutus supaya nemoni Begawan Ciptaning ora ana kang kasil njugarake tapane. Para widadari sing diutus ana sing malih rupa kayadene sisihane Arjuna ing arcapada, nanging uga ora kasil njugarake tapane. Wusana Hyang Manikmaya ngutus Bathara Indra lan Bathara Brahma supaya njugarake tapane Begawan Ciptaning. Kekarone uga diutus Hyang Manikmaya supaya maringake kanugrahan marang Begawan Ciptaning awujud panah Pasopati.

Dhawuhe Hyang Manikmaya supaya Begawan Ciptaning nggunakake panah sekti iku kanggo ngadhepi pangamuke Prabu Niwatakawaca ing Suralaya. Bathara Indra lan Bathara Brahma banjur malih rupa dadi Prabu Kilatawarna lan Prabu Kilatarupa. Kekarone banjur nemoni Prabu Niwatakawaca lan aweh katrangan yen Prabu Niwatakawaca bakal kasil ngrabi Bathari Supraba yen wus antuk pangestu saka pandhita sekti mandraguna sing jenenge Begawan Ciptaning kang dumunung ing Gunung Indrakila.

Prabu Niwatakawaca banjur ngutus Ditya Mamangmurka supaya nemoni Begawan Ciptaning lan njalukake pangestune marang karepe bakal ngrabi Bathari Supraba. Ditya Mamangmurka banjur mangkat tumuju Gunung Indrakila. Nanging satekane Gunung Indrakila, raseksa sing diprecaya banget dening Prabu Niwatakawaca iku ora kasil nemokake papan mertapane Begawan Ciptaning utawa Resi Mintaraga. Wusana Ditya Mamangmurka dadi nesu lang ngamuk, ngrusak samubarang sing ditemoni ing ereng-erenge Gunung Indrakila.

Begawan Ciptaning kang meruhi pangamuke Mamangmurka banjur nyepatani raseksa iku, wusana Mamangmurka malih dadi babi. Babi daden-dadene Mamangmurka saka daya kasektene Resi Mintaraga iku banjur dipanah. Nanging ana panah loro sing ngenani awake babi daden-daden iku. Siji panahe Resi Mintaraga lan sijine maneh panahe Prabu Kilatawarna sing wektu iku nembe mbebedhag ing ereng-erenge Gunung Indrakila.

Kekarone banjur rebutan babi iku. Amarga padha sektine, Kilatawarna lan Mintaraga banjur adu kasekten, perang rame banget. Sawise sauntara wektu, Prabu Kilatawarna lan Prabu Kilatarupa banjur malih marang wujud asline, Bathara Indra lan Bathara Brahma. Kekarone uga banjur maringake kanugrahan panah Pasopati peparinge Hyang Manikmaya. Arjuna sing wus wudhar tapane iku banjur diboyong dening Hyang Indra lan Hyang Brahma tumuju Suralaya. Ing Suralaya, Resi Mintaraga banjur ngatur krenah kanggo ngadhepi pangamuke Prabu Niwatakawaca.

Resi Mintaraga banjur malih rupa dadi Bathari Supraba lan banjur nemoni Niwatakawaca. Amarga krenahe Resi Mintaraga iku Niwatakawaca keladuk njlentrehake pangapesane, yaiku ing telake kang wujud toh utawa rajah mantra aji Gineng Sokaweda. Sawise iku Bathari Supraba bali ing wujud asline, Resi Mintaraga, lan banjur menthang gandhewa panah Pasopati. Resi Mintaraga njaluk supaya Niwatakawaca mbalekake Bathari Supraba. Nanging Niwatakawaca panggah ngukuhi kekarepane ngrabi Bathari Supraba.

Wusana Resi Mintaraga ngenerake panah Pasopati ing telake Niwatakawaca. Lan bebarengan kalawan iku, Resi Mintaraga kasil maca rajah mantar aji Gineng Sokaweda ing telake Niwatakawaca iku. Niwatakawaca mati sawise toh ing telake kena panah Pasopati. Dene Resi Mintaraga antuk ilmu kasekten anyar, yaiku aji Gineng Sokaweda. Hyang Manikmaya banjur ngangkat Resi Mintaraga dadi rajane kabeh widadari ing Tinjomaya jejuluk Prabu Kiritin.

Tidak ada komentar:

Arsip Blog

Entri Populer