Selamat Datang di BLOGERNYA Orang “ KampoenK ”

Kamis, 29 November 2012

CRITO WAYANG BOSO JOWO


Bathari Durga Panguwasa Kabeh Setan Priprayangan

Bathari Durga iku mula bukane duwe jeneng Dewi Pramuni kang sulistya ing rupa. Dewi Pramuni mendhem rasa tresna marang panguwasa tribuwana, yaiku Bathara Guru. Kanggo nggayuh ketemune rasa tresnane marang Bathara Guru, sawijining dina Dewi Pramuni tapa brata. Sawise nemoni maneka rupa pacoban lan godhan, wusanane katekan Bathara Guru, Dewi Umayi lan Bathara Kala. Ing wawanrembug antarane Bathara Guru lan Dewi Pramuni, adhedhasar andharan ing Kitab Purwacarita, kaya kang kapethik ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Guru gelem nyembadani pepenginane Dewi Pramuni kang pengin dadi prameswarine. Ananging ora kabul sakabehe, amarga mung tata lair wae sing bisa dadi prameswarine Bathara Guru. Dene jiwane ora bisa dadi prameswarine panguwasa tribuwana iku.

Amarga kasektene Bathara Guru, Dewi Umayi lan Dewi Pramuni banjur ijolan raga. Jiwane Dewi Umayi manjing ing ragane Dewi Pramuni, lan suwalike jiwane Dewi Pramuni manjing ing ragane Dewi Umayi kang arupa raseksi. Adhedhasar andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Dewi Pramuni (jiwane Dewi Pramuni kang manjing ing ragane raseksi Dewi Umayi sabanjure antuk jejuluk Bathari Durga kang tegese kuciwa, ala, ora nyenengake. Lan sabanjure Dewi Durga dipacangake kalawan Bathara Kala.

Lan wiwit wektu iku, Bathari Durga disembah dening para kang ngrasuk agama Durga. Bathari Durga katetepake dumunung ing kayangan Krendayana. Kayangan iku sabanjure kondhang sinebut pasetran Gandamayit/Ganda Umayi. Bathari Durga antuk jejibahan nguwasani para gandarwa, setan lan titah datan kasat mata liyane kang asipat durangkara. Ing jagad pewayangan, wandane Bathari Durga iku arupa Rangkung. Dene Dewi Umayi (jiwane Dewi Umayi kang manjing ing ragane Dewi Pramuni) iku watake sabar, rasa pangrasane alus sarta landhep, adil, wani mbelani bebener, tanggung jawab, bekti mring sisihane lan gemati marang anak turune. Ing lakon carangan Sudamala, Bathari Durga antuk ruwat lan bisa luwar saka wujud raseksine dening Sahadewa. Bathari Durga sabanjure palakrama kalawan Bathara Kala lan peputra Dewasrani. Ing jagad pedhalangan, Dewasrani iku putrane Bathari Durga lan Bathara Guru. Bathari Durga duwe hak paring bebana marang sapa wae kang nyembah dheweke.

Ing lakon Sumbadra Larung, Bathari Durga paring pangestu marang pepenginane Burisrawa kanggo nresnani Dewi Sumbadra. Ing lakon Pancawala Lena, Bathari Durga mbiyantu Leksmana Mandrakumara, pangeran pati ing Astina, lan paring pangestu marang pepenginane Leksmana kang arep nglamar Dewi Pergiwati, putrane putri Arjuna. Dene ing lakon Wahyu Cakraningrat, Bathari Durga paring bebana marang Samba, putrane Sri Kresna, lan paring pangestu mring gegayuhane kanggo ngrebut Wahyu Cakraningrat. Sapa kang kasil ngrengkuh Wahyu Cakraningrat pinitaya bakal dadi raja gung binathara.

Ananging ing telung kedadeyan iku, kabeh ora ana kang bisa kasembadan pepenginane. Kabeh gegayuhane para satriya ing telu kedadeyan iku padha cabar. Iku amarga pepesthen tumrap sipat jiwane kang adoh saka sing dipengini. Bathari Durga dadi sesembahane para kang nganut agama Durga kang duwe aturan lan paugeran dhewe. Miturut Pustaka Raja Purwa kaya kang kapethik ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, cacahe agama kang nyembah dewa karana Bathari Durga dadi ana wolu.

Kawolune yaiku agama Syiwa (nyembah Sanghyang Syiwa/Bathara Guru), agama Sambo (nyembah Sanghyang Sambo), agama Brahma (nyembah Sanghyang Brahma), agama Indra (nyembah Sanghyang Indra). Sabanjure, agama Bayu (nyembah Sanghyang Bayu), agama Wisnu (nyembah Sanghyang Wisnu), agama Kala (nyembah Sanghyang Kala) lan agama Durga (nyembah Sanghyang Bathari Durga)
 Sawise iku Bathari Supraba bali ing wujud asline, Resi Mintaraga, lan banjur menthang gandhewa panah Pasopati. Resi Mintaraga njaluk supaya Niwatakawaca mbalekake Bathari Supraba. Nanging Niwatakawaca panggah ngukuhi kekarepane ngrabi Bathari Supraba.

Wusana Resi Mintaraga ngenerake panah Pasopati ing telake Niwatakawaca. Lan bebarengan kalawan iku, Resi Mintaraga kasil maca rajah mantar aji Gineng Sokaweda ing telake Niwatakawaca iku. Niwatakawaca mati sawise toh ing telake kena panah Pasopati. Dene Resi Mintaraga antuk ilmu kasekten anyar, yaiku aji Gineng Sokaweda. Hyang Manikmaya banjur ngangkat Resi Mintaraga dadi rajane kabeh widadari ing Tinjomaya jejuluk Prabu Kiritin.

CRITO WAYANG BOSO JOWO


Begawan Ciptaning rajane kabeh widadari ing Tinjomaya

Begawan Ciptaning utawa Resi Mintaraga iku jenenge Arjuna nalika mbangun tapa ing guwa Witaraga ing ereng-erenge Gunung Indrakila. Bebarengan kalawan iku ing Suralaya dumadi dredah amarga pangamuke raja raseksa Prabu Niwatakawaca saka krajan Himahimantaka. Para dewa ing Suralaya ora ana kang kuwawa ngadhepi kridhane Prabu Niwatakawaca sakwadyabalane. Sanghyang Manikmaya banjur ngutus para dewa supaya nemoni Begawan Ciptaning. Miturut Hyang Manikmaya pancen mung Begawan Ciptaning sing duwe daya kanggo ngadhepi kridhane Prabu Niwatakawaca. Ananging para dewa sing diutus supaya nemoni Begawan Ciptaning ora ana kang kasil njugarake tapane.

Mangkono uga para widadari kang uga diutus supaya nemoni Begawan Ciptaning ora ana kang kasil njugarake tapane. Para widadari sing diutus ana sing malih rupa kayadene sisihane Arjuna ing arcapada, nanging uga ora kasil njugarake tapane. Wusana Hyang Manikmaya ngutus Bathara Indra lan Bathara Brahma supaya njugarake tapane Begawan Ciptaning. Kekarone uga diutus Hyang Manikmaya supaya maringake kanugrahan marang Begawan Ciptaning awujud panah Pasopati.

Dhawuhe Hyang Manikmaya supaya Begawan Ciptaning nggunakake panah sekti iku kanggo ngadhepi pangamuke Prabu Niwatakawaca ing Suralaya. Bathara Indra lan Bathara Brahma banjur malih rupa dadi Prabu Kilatawarna lan Prabu Kilatarupa. Kekarone banjur nemoni Prabu Niwatakawaca lan aweh katrangan yen Prabu Niwatakawaca bakal kasil ngrabi Bathari Supraba yen wus antuk pangestu saka pandhita sekti mandraguna sing jenenge Begawan Ciptaning kang dumunung ing Gunung Indrakila.

Prabu Niwatakawaca banjur ngutus Ditya Mamangmurka supaya nemoni Begawan Ciptaning lan njalukake pangestune marang karepe bakal ngrabi Bathari Supraba. Ditya Mamangmurka banjur mangkat tumuju Gunung Indrakila. Nanging satekane Gunung Indrakila, raseksa sing diprecaya banget dening Prabu Niwatakawaca iku ora kasil nemokake papan mertapane Begawan Ciptaning utawa Resi Mintaraga. Wusana Ditya Mamangmurka dadi nesu lang ngamuk, ngrusak samubarang sing ditemoni ing ereng-erenge Gunung Indrakila.

Begawan Ciptaning kang meruhi pangamuke Mamangmurka banjur nyepatani raseksa iku, wusana Mamangmurka malih dadi babi. Babi daden-dadene Mamangmurka saka daya kasektene Resi Mintaraga iku banjur dipanah. Nanging ana panah loro sing ngenani awake babi daden-daden iku. Siji panahe Resi Mintaraga lan sijine maneh panahe Prabu Kilatawarna sing wektu iku nembe mbebedhag ing ereng-erenge Gunung Indrakila.

Kekarone banjur rebutan babi iku. Amarga padha sektine, Kilatawarna lan Mintaraga banjur adu kasekten, perang rame banget. Sawise sauntara wektu, Prabu Kilatawarna lan Prabu Kilatarupa banjur malih marang wujud asline, Bathara Indra lan Bathara Brahma. Kekarone uga banjur maringake kanugrahan panah Pasopati peparinge Hyang Manikmaya. Arjuna sing wus wudhar tapane iku banjur diboyong dening Hyang Indra lan Hyang Brahma tumuju Suralaya. Ing Suralaya, Resi Mintaraga banjur ngatur krenah kanggo ngadhepi pangamuke Prabu Niwatakawaca.

Resi Mintaraga banjur malih rupa dadi Bathari Supraba lan banjur nemoni Niwatakawaca. Amarga krenahe Resi Mintaraga iku Niwatakawaca keladuk njlentrehake pangapesane, yaiku ing telake kang wujud toh utawa rajah mantra aji Gineng Sokaweda. Sawise iku Bathari Supraba bali ing wujud asline, Resi Mintaraga, lan banjur menthang gandhewa panah Pasopati. Resi Mintaraga njaluk supaya Niwatakawaca mbalekake Bathari Supraba. Nanging Niwatakawaca panggah ngukuhi kekarepane ngrabi Bathari Supraba.

Wusana Resi Mintaraga ngenerake panah Pasopati ing telake Niwatakawaca. Lan bebarengan kalawan iku, Resi Mintaraga kasil maca rajah mantar aji Gineng Sokaweda ing telake Niwatakawaca iku. Niwatakawaca mati sawise toh ing telake kena panah Pasopati. Dene Resi Mintaraga antuk ilmu kasekten anyar, yaiku aji Gineng Sokaweda. Hyang Manikmaya banjur ngangkat Resi Mintaraga dadi rajane kabeh widadari ing Tinjomaya jejuluk Prabu Kiritin.

CRITO WAYANG BOSO JOWO


Brajadenta nyawiji kalawan ragane Gathotkaca


Brajadenta iku anake nomer telu Prabu Arimbaka. Dadi Brajadenta iku ora liya adhine Prabu Arimba lan Dewi Arimbi saka Pringgadani. Tembung Brajadenta ateges sanjata saka gadhing. Brajadenta kerep makili Dewi Arimbi mimpin krajan Pringgadani, amarga mbakyune sing nglenggahi jejering ratu iku kerep dedunung ing Jodhipati ngampingi sisihane, Bima utawa Werkudara. Dewi Arimbi dhewe yaiku anake Prabu Arimbaka, raja nagara Pringgadani. Saksurute Prabu Arimba, dheweke nglintir kalungguhan nata ing Pringgadani.

Gumantine raja ing Pringgadani iku ditemtokake tumrap pangeran pati miturut sarasilah kulawarga sing tuwa dhewe. Amarga kuwajibane dadi prameswarine Bima, mula Dewi Arimbi kerep ngampingi Bima ing Jodhipati lan masrahake panguwasane krajan Pringgadani marang Brajadenta. Dewi Arimbi duwe kasekten bisa njilma saka wujud asline raseksa dadi putri sing sulistya ing warna. Kasekten iki kababar sepisanan nalika Arimbi sapatemon kalawan Bima.

Pungkasan uripe, Arimbi mati ing satengahing perang Baratayuda amarga mbelani anake, Gathotkaca sing gugur minangka senapati Pandhawa dening Adipati Karna. Wandane Dewi Arimbi iku Cicir. Suwening suwe ing telenging atine Brajadenta tuwuh pikiran kanggo ngrebut dhampar keprabon Pringgadani saengga dheweke bisa nguwasani Pringgadani, ora mung dadi wakile mbakyune. Brajadenta banjur madeg kraman kathi pawadan yen kalungguhan raja iku ora apik yen dipasrahake marang wanita.

Lan miturut Brajadenta, panemune iku kabukten nalika Arimbi sing jumeneng ratu ing Pringgadani kerep ninggalake kuwajibane amarga kudu ngampingi Bima, sisihane, sing dedunung ing Jodhipati. Madeg kramane Brajadenta antuk panyengkuyung saka adhi-adhine, yaiku Brajamusti, Brajalamatan lan Brajawikalpa. Ananging ana uga adhine liyane sing ora sarujuk marang sikep lan tumindake Brajadenta iku.

Adhi-adhine sing ora sarujuk nalika Brajadenta nglairake sikepe arep madeg kraman marang Arimbi yaiku Prabakeswa lan Kala Bendana. Wusana pangramane Brajadenya kasil ditindhes dening Gathotkaca, anake Dewi Arimbi lan Bima. Sabanjure Gathotkaca sinengkakake ngaluhur jumeneng nata ing Pringgadadi sawise ibune, Dewi Arimbi, masrahake dhewe panguwasane marang Gathotkaca.

Ing lakon Gathotkaca Kembar, Brajadenta kasil sesambungan asmara kalawan Dewi Banowati, prameswarine Prabu Suyudana, raja Astina. Nalika iku Brajadenta nyaru wujud kadidene Gathotkaca.
Wusana Brajadenta mati dening Gathotkaca. Arwahe Brajadenta banjur nyawiji ing ragane Gathotkaca kanthi cara mrasuk ing untune Gathotkaca. Wiwit iku Gathotkaca duwe kasekten saksapaa sing kena cokot untune mesthi mati. Arepa Brajadenya wus nyawiji kalawan ragane Gathotkaca, ananging dheweke bisa urip maneh yen dibutuhake dening Gathotkaca. Lan saben dibutuhake, arwahe Brajadenta bakal mbiyantu apa gawene Gathotkaca. Lan pungkasan uripe, gugur ing palagan Baratayuda babak kaping papat, yaiku Suluhan utawa Gathotkaca Gugur.

CRITO WAYANG BOSO JOWO


Ringkesaning Crita
Ramayana


Prabu Dasarata, ratu Ayodya duwe garwa prameswari aran Dewi Kosalya (Sukasalya) lan garwa selir aran Dewi Kekayi uga Dewi Sumitra. Saka Dewi Kosalya peputra Sri Rama, saka Dewi Kaikeyi (Kekayi) peputra Bharata, lan saka Dewi Sumitra peputra kembar aranLakshmana (Lesmana) lan Satrughna. Sawijining dina, ana resi kang jejuluk RsiWiswamitra njaluk tulung marang Sri Paduka Dasarata supaya mbébasake pertapane saka para raseksa. Rama lan Lakshmana banjur budhal. Ing pertapan iku, Rama lan Laksmana kasil mateni kabeh raseksa. Sawise kasil merjaya mungsuhe, kekarone banjur tumuju negara Mithila (Manthili) saperlu melu sayembara menthang gandéwa. Sok sapa kang menang bakal dadi sisihane putri raja Janaka, ya Dèwi Sinta. Kabeh pasarta wus siaga lan siji mbaka siji nuduhake kadigdayane menthang langkap gandéwa. Ora ana kang kasil menthangake gandéwa mau kajaba amung Sri Rama.  Sawise Rama kadhaupake, Sinta banjur kaboyong bali menyang Ayodya didherekake Laksmana.
Ing Ayodya, Rama bakal diangkat dadi ratu pinangka pembarep gantining Dasarata. Ananging Kekayi, garwa selir prabu Dasarata nagih janji. Nalika sadurunge dipundhut garwa, Kekayi duwe panyuwunan yen peputra lanang mengkone bakal jumeneng nata Ayodya. Kanthi abot, Dasarata ngabulake panyuwune Kekayi awit biyèn pancèn naté janji mangkono. Saka pokal culikane Kekayi, Rama wurung dadi ratu, malah kudu nglakoni ukuman (dibuwang) ing alas Dhandhaka 13 taun suwéné. Rama, Sinta, lan Laksmana banjur ngumbara nilar kedhaton. Marga nggrantes, ora suwe prabu Dasarata banjur séda. Barata rumangsa ora pantes dadi ratu. Dheweke banjur nggoleki Sri Rama, nyuwun supaya Rama kersa kondur lan jumeneng nata Ayodya. Ananging Rama nampik amarga jejering satriya ora bakal cidra ing janji sumadya nampa ukum. Barata didhawuhi Rama supaya jumeneng nata sawetara, minangka sulihe Raden Rama. Rama banjur  medhar piwulang Asthabrata (astha = wolu, brata = laku) pinangka garan jejering ratu kudu ngugemi lakuning/watak utama kang cacahe ana wolu. Rama uga paring simbolis awujud trompah (basa Sansekreta: p?duka) marang Barata pinangka tandha bukti yen dhèwèké iku mung saderma wakil. Barata banjur jumeneng nata kanthi nganggo tlumpahe Raden Rama.
Ing alas Dhandhaka, ana raseksi aran Surpanakha (Sarpakenaka) kasengsem marang Laksmana. Kanggo ngrayu Lakshmana, Surpanakha banjur mémba dadi wanodya ayu. Ananging Lakshmana ora mempan kagodha, malah irunge Surpanakha kairis. Surpanakha nepsu banjur pradul marang kangmasé (sang Rahwana/Dasamuka) lan mbujuk supaya nyulik garwané Rama kang ayu rupa. Dhasar Rahwana karem marang wanodya ayu, mula sang Rawana banjur ndhawuhi raseksa Kala Marica supaya nyulik Sinta. Marica banjur mémba dadi kidang emas kang éndah. Sinta kasengsem banjur nyuwun supaya mbebedhag kidang emas iku. Rama budhal dhewe ninggal Sinta lan Laksmana. Si kidang emas gesit banget, ora bisa kacekel. Wusanané, Sri Rama anyel banjur nglepasaké panah. Si kidang emas njerit kelaran lan mati, owah malih raseksa. Krungu panjeriting wong kang kelaran, Sinta banjur ngutus Lakshmana supaya nggoleki Rama. Laksmana ora gelem budhal amarga kajibah njaga Sinta. Sawisé ditudhuh yen Lakshmana arep ngarah dhèwèké, Lakshmana banjur budhal nggolèki Rama lan ngrajah Sinta supaya adoh saka godha rencana. Sawisé Sinta dhèwèkan, Rahwana banjur teka. Kanthi mémba dadi resi kang njejaluk jampi, Rahwana kasil nyulik Sinta.
Jeriting Sinta keprungu déning peksi sang Jatayu kang naté dadi réncange prabu Dasarata. Kanthi niat becik, Jatayu nulungi Sinta. Amarga Rahwana luwih sekti, Jatayu kalah. Jatayu kang sekarat isih bisa atur warta marang Rama lan Laksmana, yen Sinta kagawa menyang Alengka, kedhatoné sang Rahwana. Rama lan Laksmana banjur nglari ilangé Dèwi Sinta. dhumateng ing kedhatonipun Rahwana. Ing sajroning alas, Rama kapanggih ratu Kiskindha awujud wanara, ya Sugriwa kang sambat njaluk pitulungan marga rumangsa bojoné (Dèwi Tara) direbut déning seduluré (Subali). Rama saguh mbiyantu, jer mengko uga gelem sabiyantu perang lawan Rahwana. Embuh kang bener kang endi, nanging jejering satriya, Rama ora kena cidra ing janji. Rama kasil merjaya Subali. Sugriwa banjur sumadya nulungi sang Rama kanthi prajurit wanara lan pitulungané patih Anoman (Hanuman). Anoman kautus Rama pinangka dhutané Sri Rama budhal menyang Alengka ngaturaké warta lan kalpika marang Sinta.
Ing kaputrèn Alengka, Sinta dilipur déning Trijatha. Kanthi meneng-meneng, Anoman kasil mlebu ing Alengka lan kapanggih Dèwi Sinta. Dumadakan konangan Indrajit (putrané ahwana). Anoman kecekel Rahwana, banjur diobong. Dhasar wanara sekti, Anoman banjur ngobrak-abrik lan ngobong Alengka. Anoman bali lan ngaturaké warta marang Rama. Kanthi prajurit lan kasektèné, Rama kasil nambak samudra (bendungan Situbanda) kanggo dalan ngrubuhaké Alengka. Ing wektu iku, seduluré Rahwana aran Kumbakarna lan Gunawan Wibisana kadhawuhan mbiyantu mbéla Rahwana. Kumbakarna ora sarujuk marang Rahwana. Marga wanita, Rahwana ngorbanaké negara memungsuhan lawan Rama. Kumbakarna trima lunga tapa, déné Wibisana lunga saka Alengka gabung melu Rama. Perang gedhé dumadi, prajurit raseksa lawan wanara. Indrajit pinangka senopatining perang kaperjaya déning Lakshmana. Kumbakarna dipeksa mbadharaké tapané supaya mbiyantu Rahwana. Kumbakarna saguh, dudu mbéla Rahwana, nanging negara wutah getihé. Rama nglepasaké panah Guwawijaya, Kumbakarna tiwas katugel-tugel dening panah sekti. Rahwana maju ngadhepi mungsuh. Rama bisa ngalahaké Rahwana. Nalika Rahwana kena panah Guwawijaya, Rahwana banjur dibruki gunung dèning Anoman. Alengka bedhah lan Wibisana kajumenengaké dadi ratu ing Alengka. Sinta dijak kondur lan urip bebarengan klawan Rama. Nanging, ing lakon Sinta Obong, Sinta kauji kasuciané déning Rama sadurungé nunggal marang Rama.

CERITA WAYANG BOSO JOWO



SUMANTRI NGENGER




      Ing pertapan Jatisrana, ana pandhita aran Begawan Suwandhagni. Sang Begawan nduwe anak loro lanang kabeh aran Bambang Sumantri lan Raden Sukasrana. Bambang Sumantri wujude satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude buta bajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresna banget marang adhine. Samono uga Raden Sukasrana.
      Nalika Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni ngendika supaya Sumantri ngenger utawa suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake punakawan papat Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Begawan Suwandhagni nitipake sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna Sasrabahu supaya dibalekake.
      Lakune Bambang Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana kepengin melu. Bambang Sumantri banjur ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise adhine turu, Bambang Sumantri budhal nilapake adhine menyang Negara Maespati.
      Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe mupu sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake sayembara, sapa sing bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal dadi bojone. Nalika lagi padha rembugan katungka sowane Bambang Sumantri. Bambang Sumantri matur arep suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri lamun dheweke bisa mupu sayembarane Dewi Citrawati.. Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang Negara Magada.
      Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-padha gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame. Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.
      Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki. Ing batin dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora tak telukake pisan dadi andhahanku?” ngono batine Sumantri kandha. Sumantri banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan dipasrahake marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja Maespati.
      Prabu Harjuna Sasrabahu mung mesem nampa panantang saka Sumantri. Dheweke enggal methukake lakune Sumantri. Sumantri lan Prabu Harjuna Sasrabahu perang rame. Padha sektine, padha terngginase. Perange nganti pirang-pirang dina. Sumantri kekeselen banjur kepengin ngrampungi perange karo Prabu Harjuna Sasrabahu. Dheweke enggal ngetokake sanjata Cakra arep ditamakake marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sanjata Cakra kuwi sejatine duweke Prabu Harjuna Sasrabahu. Nalika lair Prabu Harjuna Sasrabahu wis nggawa sanjata Cakra, amarga dheweke sejatine titisane Bathara Wisnu. Nalika smana sanjata Cakra disilih pamane, Begawan Suwandhagni.
      Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu nesu. Prabu Harjuna Sasrabahu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata Cakra disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing kemaki. “Sumantri, kowe satriya picek, watekmu ala, melik barange liyan. Satriya wingi sore kemaki wani nantang Ratu Gustine. Tak remet pisan remuk kowe Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya. Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih satriya loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.
      Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa dheweke bisa muter utawa mindhah Taman Siwedari menyang Negara Maespati. Taman Sriwedari kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara Wisnu. Sumantri sing wis ilang kasektene amarga koncatan sanjata Cakra banjur klunuh-klunuh lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake, Begawan Suwandhagni. Lakune Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri nyritakake kabeh lelakone marang Sukasrana. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri. “nek mung utel aman we, ampang akang,” kandhane Sukasrana karo ngguyu ngakak.“Tenan, Yayi? Kowe bisa muter Taman Sriwedari?” kandhane Sumantri.
“Isoh ae, Akang. Uwi ampang!”
“Adhiku, Dhi Sukasrana. Tulungana aku ya, Dhi!” kandhane Sumantri memelas.
“Aku isoh utel aman Iwedali ning ana alate, Akang.”
“Apa syarate, Dhi?”
“Aku engen elu owe, Akang. Aku elu uwita Abu Aluna Asa.”
“Kowe kepengin melu aku suwita Prabu Harjunasasra?”
“Iya, Akang.”
“Iya, Dhi. Angger si Adhi bisa muter Taman Sriwedari mesthi tak ajak suwita menyang Maespati.”
“Enan, Kang? Owe anji Kang? Owe ola apusi?”
“Iya Dhi, pun kakang janji ora bakal ngapusi!”
“Yoh, Akang. Entenana edhela ya?”
        Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala nanging gedhe prihatine. Sedhela wae taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati, gawe gegere wong sanagara. Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri ditampa suwita ing Negara Maespati dadi patih, aran Patih Suwanda. Sukasrana diajak Sumantri menyang Negara Maespati nanging dipenging ngetok, amarga Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane nggilani. Sukasrana dikongkon manggon lan ndhelik ing sajroning taman.
        Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari, dheweke njerit-jerit kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati banjur lapuran marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang Sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta sing dikarepake kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.
        Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing medeni Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora gelem amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati. Sumantri gregeten. Sukasrana diagar-agari panah dikongkon bali. Sukasrana tetep ora gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti suwe anggone eyel-eyelan, pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.
        “Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji, Kakang. Aku ora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbusuk yen kowe perang tandhing karo ratu buta saka Ngalengka, ing kono tumekane piwalesku, Kakang. Wis kakang, tak enteni ing lawange surga.Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti marang ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka Ngalengkadiraja.

Arsip Blog

Entri Populer